Oknum Guru TK, Masang Tumbal Nok sekolahane dhewe, Konangan..!

Sukisno

Bagikan

BOJONEGORO (Rakyat Independen)- Sifat iri, dengki, srei, jail, metakil, kuwi gak iso ilang nok bumi iki, termasuk nok Jonegoro. Mergo iri, wong kuwi iso nglakoni opo wae, kanggo nyengsarakno wong liyo sing gak disenengi kuwi. Koyo kedadehan, ono salah sijine guru TK (Taman Kanak-Kanak) ono ing Kutho Jonegoro sing masang tumbal nok ngarep sekolahane dhewe, terus konangan konco guru liyane, Jum’at (29/3/2016) winginane awan.

Pas oknum guru inisial HT masang tumbal nok ngarepe ruang klas kuwi, ono guru sing ngonangi yoiku MJ. Wektu kuwi MJ ijek during mulih sebab dhewek’e nggarap administrasi nok njero sekolahan. Ngerti nek ono HT kethok duduk-duduk lemah nok ngarep sekolahan MJ curiga terus merhatheno, sampek sempat ngrekam polahe HT nganggo kamera Androidte kuwi.

Ternyata, sing dipendhem HT kuwi tumbal sing bentuk’e buntelan kain putih, nek gak salah kain mori, sing ukurane 3 x 9 cm. Sak whise dijupuk, tumbal mau dilebokno sak, anehe rasane pupune panas koyo kobong, sak whise tumbal ono jero sak’e kuwi. Sampek akhire MJ ngethokno maneh tumbal mau teko sak’e, terus digowo mulih.

Sak whise jupuk tumbal ono ing omahe, MJ malah bingung, ape di apakno barang sing rupo tumbal mau. Mergo bingung, MJ takon karo salah sijine paranormal terkenal sing ono Bumi Anging Dharma kuwi. Sing isine, takon piye carane nangani tumbal mau ben gak ngrepoti dhewek’e.

Akhire, tumbal mau secara ghaib dilemahno ben gak reaksi. Terus di kon nyerahno Ketua yayasan TK sing dinggoni ngulang kuwi. Ketua yayasan TK malah melu bingung, soale masalah ngono kuwi sensitif banget, sebab masalahe ghaib utowo ora kenek di delok moto biasa, lan during di erohi opo pengaruh tumbal kuwi kanggo whis sing ono TK. Soale, tumbal bar dipasang HT langsung dijupuk MJ. Terus, opo karephe HT masang tumbal kuwi, podho during ono sing ngerti.

Jare Ketua Yayasan TK, MJ di kon sabar dhisik, soale nyekel masalah koyo ngono kuwi kudhu ati-atai lan alon-alon ning kelakon, penanganane. Sebab urusane, hal ghaib. Teko bukti tumbal sing dipasrahno MJ karo ketua yayasan, karo rekaman video amatir diserahno MJ kuwi, iso digawe bukti manggil HT “guru nakal” sing reko-reko masang tumbal kuwi.

“Sampean sabar dhisik yo, ben wonge (HT) tak celuk’e tak takonane opo motife dhewek’e masang tumbal kuwi? Sopo sakjane sing arep disalahi? Mung HT sing iso menehi jawaban masalah iki,” jengkere ketua yayasan sing gak gelem diomongno jenenge kuwi.

Salah sijine guru sing iso ditakoni rakyatnesia.com ngomong, kethok’e HT kuwi iri karo kepala sekolah sing saiki jabat. Soale dhewek’e duwe kepinginan dadi kepala sekolah whis kawit dhek biyen, tapi gak keturutan alias gak dadi-dadi sampek saiki.

“HT whis tau ngomong karo Ketua yayasan nek jaluk jabatan kepala sekolah tapi karo ketua yayasan gak dikabulno. Opo pekoro kuwi, dhwek’e gelo atine, terus duwe reko-reko masang tumbal, nyalahi kepala sekolah ben dhewek’e iso diangkat dadi kepala sekolah. Pancene HT kuwi wonge srodhok ruwet, gampang gelo lan iri karo konco-konco guru liyane. Masalah tumbal kuwi, opo ape digawe nyalahi kepala sekolah utowo konco-konco guru, kuwi aku gak ngerti mas, nek kuwi yo Wallahu a’lam,” jarene, karo wanti-wanti nek jenenge ora usah disebutno.

Kedadean kuwi, akhire dadi rasan-rasan nok konco-konco guru, sampe wali murid yo whis podho krungu. Cuma, penanganane masalah ngono kuwi angel tur urusane srodhok pelik. Saiki karek nunggu, piye langkah-langkahe ketua yayasan nangani “guru nakal” sing masang tumbal kuwi. **(Team).

Bagikan

Also Read

Tinggalkan komentar