Kepengen Wayoh Gak Keturutan, Dipikir Terus, Akhire Malah Stroke

Sukisno

Bagikan

Ceritone wong Jonegoro Sing Ruwet, koyo sing dilakoni karo wong sing inisiale AA (49) sing omahe nok salah sijine deso ono ning Kecamatan Purwosari., Bojonegoro, Jawa timur, Senin (28/3/201) wingi.

Wong iki, kegolong wong sing senengane ruwet. Soale, nyambut gawene, opo wahe diayahi. Yo dadi pegawai honorer nok salah sijine sekolahan nok Purwosari, nek whis mulih nyambut gawe bantu bojone dodolan mracang nok pasar. Sorene ijek methu-methu golek obyekan makelaran sak pethuk’e.

Mergo penggaweane akeh. Wong lanang sing whis duwe anak 3 (telu) kuwi, rejekine yo srodhok akeh. Wayah duite nglumpuk, dhewek’e pengen tuku mobil rodo papat. Tapi, karo bojone ora oleh tuku sebab kuatir nek whis duwe mobil, malah ora gelem mulih, omah-omah nok ratan.

“Lha wong methu gowo sepeda motor wae, whis gak mulih-mulih, kok apene tuku mobil. Yo malah gak mulih mesisan engko. mesthi malah gowo salin klambi, kaos, sempak, handuk, sabun, shampoo, odol, sikat unthu, komplit. Mulane gak tak olehi tuku mobil, masio duwite whis cukup,” jare bojone AB, serius.

Wong jenenge AA kuwi termasuk kaum nduwawak, maksudte diarani dawak iku termasuk wong aphik, ape diarani dhu’afa ternyata yo sugih duit. Dadi diarani nduawawak sebab tengah-tengahe antara dawak karo dhu’afa. AA kuwi yo tergolong anggota PLO (Pasukan lali Omah). Mulane apene tuku mobil ora oleh, mergo bojone wedhi nek sing lanang dadi wong wiritan (wira-wiri turut ratan).

Liyane kuwi, ternyata sing wedhok kuwi ngerti nek sing lanang diambu-ambu duwe gendhk’an sing omahe yo sekitar kunu, mulane ora diijini tuku mobil. Sing wedhok kuatir nek sing lanang mblarahe tambah nemen. Dilarang tuku mobil, dadi cara sing wedhok, supoyo AA gak “tambah nakal” gendhak’an terus.

Sayange, sak whise gak oleh tuku mobil karo bojone, AA terus lara awak’e sampek stroke. gara-sara sakit kuwi, AA terus mlakune gak tata soale awak’e mati separo alias keple.

Bareng whis srodhok penak awak’e maksudte whis mulai sehat, dhewek’e crito, pancene dhewek’e pengen tuku mobil gak keturutan akhire mikir nemen terus stroke kuwi. Tapi, ternyata gak kuwi thok, masalahe AA yo kepikiran pengen wayoh tapi gak keturutan.

Mergo cita-citane gak keturutan mau, ambek ambek AA di pikir terus, akhire sampek dadi lara nemen kuwi. Mikir pengen mobil soale kenek ditumpak’I lan menakno awak, methu nok endhi-endhi ora kudanan. Lha sing marahi dadi sedihe atine AA kuwi, sing pengen wayoh gak keturutan alias gagal wayoh.

Mergo gagal wayoh dhewek’e duwe kekiran pengen nikah siri tapi during sampek kaleksanan whis keple dhisik. Sing jelas AA kuwi ora wani, soale dhewek’e kuwi pegawai honorer kathik asline teko salah sijine desa nok Kecamatan Trucuk rabi oleh wong Purwosari. Nek dhewek’e macem-macem, malah iso dipecat karo bojone.

“Walah, dadine larane AA kuwi pekoro pengen tuku mobil ora keturutan to. Tapi nek ndelok prejengane AB, sing dipikir nemen kuwi yo pengen wayoh gak keturutan alias gagal wayoh kuwi. Soale AA kuwi khan Thuklengku (angger bathuk lileng-mileng yo dhuwekku), mulane dipikir terus sampek stroke,” jare YT (45) yo isih balane AB kuwi.

Dadhak’an tenan, larane AA ternyata kepengen wayoh gak keturutan. “Iki pengalaman kanggo bolo-bolo kabeh, nek pengen wayoh ojo dipikir terus, mundhak stroke koyo aku ngene iki,” jare AA karo ngguyu cekakak’an.

Terus AA nambahi crito, dadine nek duwe kepengenan utowo cita-cita sing gak kaleksanan, ojo dipikir terus engko pengaruhe iso nok kesehatane awak. Soale, dhewek’e whis nglakoni dhwe sebab nek pikirane awak dhewe kuwi susah, awak dadi melu lungrah utowo pegel kabeh.

“Dadine nek pengen wayoh terus gagal kuwi yo ra usah dipikir terus. Atine bebasno wae. Lha nek dipikir terus akhire lara terus keple koyo aku ngene piye. Aku takon karo sampean, terus wong lanang whis keple koyo aku ngene, terus sopo sing gelem diwayoh. Ngrasakno wayoh, gowo awak’e wae whis kangelan. Whis yo critane, engko malah ngelantur teko endhi-endhi,” jarene AA karo cengengesan. **(Tim Jengker Jonegaran).

Bagikan

Also Read

Tinggalkan komentar